Abimanyu iku putrane Arjuna karo garwane, Dewi Sumbadra. Dheweke mateni Laksmana

Wacan kanggo pitakonan nomer 1-5.

Abimanyu iku putrane Arjuna karo garwane, Dewi Sumbadra. Dheweke mateni Laksmana, putrane Duryudana, ing dina kapindho Perang Baratayuda. Nanging ing dina kaping 13, dheweke dhewe palastra.

Abimanyu iku bagus banget lan garwane yaiku Dewi Utari, putrine ratu negara Wiratha. Putrane, sang Parikesit, bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.

Ing pedhalangan, Abimanyu iku digambarake kadi dene satriya kang bagus citrane, alus budine, nanging watake getapan (gampang nesu). Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadi dene satriya utama kang kuwat tapa bratane, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanarendran, kaya ta wahyu cakraningrat, widhayat, antatwulan, lan sapiturute. Manut wecaning dewa, sapa kang kadunungan wahyu mau bakal bisa narendra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganti klakon madeg ratu, jalaran dheweke palastra ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok dening para Kurawa.

1. Saka crita wayang kasebut, irah-irahan apa kang bisa ditrepake miturut isine wacan?

Wangsulan:

”Raden Abimanyu” utawa ”Abimanyu Gugur”.


2. Sapa wae paraga kang ana ing wacan?

Wangsulan:

Raden Abimanyu, Arjuna, Dewi Sumbadra, lan Dewi Utari.


3. Apa tegese tembung palastra?

Wangsulan:

Palastra nduweni teges gugur utawa pejah.


4. Kepiye watake Raden Abimanyu miturut wacan kasebut?

Wangsulan:

Raden Abimanyu nduweni watak alus budine, nanging gampang nesu.


5. Kena apa Raden Abimanyu diparingi akeh wahyu dening para dewa?

Wangsulan:

Amarga Raden Abimanyu kuwat tapa bratane, mula kuwi klakon kasinungan wahyu saka para dewa.

++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Abimanyu iku putrane Arjuna karo garwane, Dewi Sumbadra. Dheweke mateni Laksmana"