Pandhawa wis rampung anggone nglakoni pambuwangan lan pengasingan sajrone telulas taun

Wacan kanggo pitakonan nomer 1-3.

Pandhawa wis rampung anggone nglakoni pambuwangan lan pengasingan sajrone telulas taun. Wis dadi hak saka Pandhawa kanggo bali ngolehake Astina lan Amarta sing dijupuk saka kulawarga Kurawa. Kanthi tujuan kuwi, para Pandhawa njaluk pitulungan Sri Kresna supaya dadi duta Pandhawa kanggo njaga katentreman antarane Pandhawa lan Kurawa.

Sri Kresna mangkat menyang Astina kanthi numpak kreta sing dikusiri saka Sencaki. Tekan Astina, Kresna nuju panggonane Arya Widura kanggo paring bekti marang Ibu Kunthi lan Paklik Widura. Sawetara, tetuwa lan panggedhe Astina wis ngumpul ing kraton nunggu rawuhe duta Pandhawa kasebut.

Kresna mlebu kraton dadi dutane Pandhawa. Pandhawa sing wis rampung anggone nglakoni paukuman, pengin njaluk hake bali yaiku Kraton Indraprasta (Amarta).

Kawit ndhisik, Kurawa ora pengin mbalekake Amarta marang Pandhawa. Prabu Duryudana langsung nulak panjaluke Sri Kresna. Duryudana menehake maneka warna alesan sing wis diniyatake supaya bisa tetep nguwasani Indraprasta.

1. Pira suwene Pandhawa nglakoni paukuman sadurunge njaluk bali Kraton Amarta?

Wangsulan:

Pandhawa nglakoni paukuman sasuwene 13 taun.


2. Kepiye sikepe Duryudana marang panjaluke para Pandhawa?

Wangsulan:

Duryudana ora gelem mbalekake Amarta marang Pandhawa.


3. Apa pitutur luhur saka crita wayang kasebut?

Wangsulan:

Kudu mbalekake apa kang dudu dadi hake.

++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Pandhawa wis rampung anggone nglakoni pambuwangan lan pengasingan sajrone telulas taun"