Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Gamelan Miturut Larase Jinise gamelan werna-werna lan kaperang miturut laras apa

Wacanen kanthi premati teks eksposisi ing ngisor iki, banjur tulisen pokok isi lan nilai luhur saka wacan kasebut!

Gamelan Miturut Larase

Jinise gamelan werna-werna lan kaperang miturut laras apa dene tlatah panyebarane. Anane gamelan iki berbarengan karo budaya Hindu-Buda ing Indonesia. Ing cathetan sujarah minangka makili seni asli Indonesia. Instrumen iki wiwit dikembangake nalika jaman Krajan Majapahit. Ing crita Jawa, gamelan diripta dening Sang Hyang Guru ing taun Saka, dewa kang nguwasani kabeh tanah Jawa kanthi istana ing Gunung Mahendra, Medang Kamulan (saiki Gunung Lawu). Mula bukane Sang Hyang Guru ngripta gong. Kanggo ngundang para dewa kanggo pesen kang luwih mligi, banjur ngripta rong gong, sawise iku banjur ngripta instrumen gamelan liyane dadi saprangkat kaya saiki. Miturut larase, gamelan kaperang dadi loro, yaiku gamelan laras slendro lan gamelan laras pelog.

Gamelan Laras Siendro

Tembung "slendro" asale saka tembung "slendra" (ing Sunda diarani salendro) iku salah sijine titi laras ing gamelan. Saliyane slendro, ana uga titi laras pelog. Gamelan laras slendro ana lima swara (nada). Titi laras slendro beda karo titi laras pelog. Ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7(pitu).Laras slendro duwe lima nada ing saben gembyang utawa oktaf, yaiku 12 3 5 6 utawa C-D-E-G-A. Durung ana ahli kang bisa mesthekake kapan slendro wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yen "slendro" ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang nate kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golek sesambungane sendro karo nada swara tradhisional ing India lan Cina. Notasi gemelan laras slendro yaiku:

Wangsulan:

Pokok Isi

Nilai Luhur

Gamelan Jawa miturut larase kabage dadi loro, yaiku gamelan laras slendro lan gamelan laras pelog. Gamelan laras slendro ora ana nada 4 lan 7, dadi nadane amung 1 2 3 5 6. Dene gamelan laras pelog nadane pepak, yaiku 1 2 3 4 5 6 7. 

Saliyane iku, ing istilah gamelan uga ana kang diarani pathet. Pathet yaiku dhasar dhuwuring swara ing gamelan. Pathet kaperang dadi telu, yaiku pathet nem, pathet sanga, lan pathet manyura. 

Nilai estetis

 

 

 

 

 

 

Nilai estetis

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Gamelan Miturut Larase Jinise gamelan werna-werna lan kaperang miturut laras apa "