Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Bonang Bonang iku salah sawijining jinis gamelan Jawa. Bonang kalebu instrumen

Wacanen kanthi premati teks eksposisi ing ngisor iki, banjur tulisen pokok isi lan nilai luhur saka wacan kasebut!

Bonang

Bonang iku salah sawijining jinis gamelan Jawa. Bonang kalebu instrumen melodhi sing utama kanggone gamelan ing Jawa. Anggone ngunekake yaiku kanthi cara dithuthuk. Ing sisih dhuwure bonang sing wujude kaya gong biyasane diarani pencon. Anggone nuthuk nganggo thuthukan sing cacahe loro digawe saka kayu lapis kang diarani bindhi. Bonang uga kalebu jinising gong nanging gong-gong cilik kang diarani "pot" utawa "ceret". Bonang ditata kanthi dijejer ana ing papan kayu jenenge rancak sing cacahe ana rong baris. Baris kapisan arane jaleran utawa brujung, dene baris kaloro arane setren/dhempok.

Ing Jawa Tengah, bonang ana telung jinis, yaiku bonang barung, bonang panerus, lan bonang panembung. Bonangbarung nduweni ukuran sedhengan, diunekake nalika arep dadi pambuka utawa kanggo pathokan tempo lan dinamika. Bonang iki uga dadi sarat unine gamelan liyane. Bonang panerus nduweni ukuran luwih cilik tinimbang bonang barung. Bonang jinis iki diunekake 1/2 ketukan saka bonang barung. Unine bonang panerus iki luwih dhuwur 1oktaf saka bonang barung nanging kanggo jumlah kepingane padha. Bonang panembung nduweni ukuran paling gedhe tinimbang bonang barung lan bonang panerus. Nanging, nada sing diunekake paling cendhek tinimbang piranti gamelan liyane.

Wangsulan:

Pokok Isi

Nilai Luhur

Bonang kalebu salah sawijining gamelan Jawa. Jinis-jinis bonang ana telu, yaiku bonang barung, bonang panerus, lan bonang panembung. Kabeh mau nduweni pathokan dhewe-dhewe anggone ngunekake. 

Nilai estetis, amarga wujude bonang maneka warna.

 ++++++++++++++++++++++++++

Semoga Bermanfaat dan Berkah

Jangan Lupa Belajar Terus

Ingat Cita-Cita, Orang Tua, dan Keluarga

Post a Comment for "Bonang Bonang iku salah sawijining jinis gamelan Jawa. Bonang kalebu instrumen"