Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Wulan Sura mujudake wulan mirunggan menggah Kraton Ngayogyakarta. Ing wulan Sura

Wacanen pethikan pawarta ing ngisor iki!

Wulan Sura mujudake wulan mirunggan menggah Kraton Ngayogyakarta. Ing wulan Sura atusan pusaka kagungan Dalem Kraton Ngayogyakarta dipunwedalaken saking papan palereman saperlu dipunjamasi. Amrih rancaging upacara jamasan, sadangunipun kalih dinten wisata Kraton Ngayogyakarta dipuntutup kangge wisatawan. Dinten Rebo (28/11) siyang, puluhan abdi dalem Kraton Ngayogyakarta katingal saweg njamasi pusaka. Upacara jamasan pusaka ingkang ajeg dipunadani saben taun punika boten binuka kangge masarakat. Salah satunggaling abdi dalem Kraton Ngayogyakarta, Aning Sunindyo, ngandharaken Jamasan pusaka dipuntindakaken kalih dinten, awit wonten 200 pusaka ingkang dipunjamasi.

Babagan apa sing dirembug ana ing pethikan pawarta ing dhuwur?

Wangsulan:

Upacara jamasan pusaka kagungan Dalem Kraton Ngayogyakarta.

----------------#----------------
Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Wulan Sura mujudake wulan mirunggan menggah Kraton Ngayogyakarta. Ing wulan Sura"