Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Kluwung (Dening: Soewardi Baroto Martono) Sudut pandang geguritan kasebut arupa

Kluwung

(Dening: Soewardi Baroto Martono)

Ora katon garising kikismu

Nadyan wilangane tinemu

Oncating citramu, ambabar banyu

Tuhu agung kersane Gusti

Riris … grimis endah dinulu

Agawe menebing lebu

Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana

Tansah gawe brantaning driya

Ora kapiyarsa wuwuse wacana

Rinengga endahing solah bawa

Andelidir ponang kintaka

Binarung kidung asmara

Kapethik saka: http://kampoengilmu.com/geguritan-bahasa-jawa


Sudut pandang geguritan kasebut arupa ....

   A.   wong kapisan

   B.    wong kapindho 

   C.    wong katelu 

   D.   wong kepapat 

   E.    wong kalima


Wangsulan:

Sudut pandang geguritan kasebut arupa wong katelu.


Jawaban: C

----------------#----------------

Semoga Bermanfaat
Jangan lupa komentar & sarannya
Email: nanangnurulhidayat@gmail.com
Kunjungi terus: masdayat.net OK! :)

Post a Comment for "Kluwung (Dening: Soewardi Baroto Martono) Sudut pandang geguritan kasebut arupa"